Kamis, 26 November 2015

Makna gunungan wayang



GUNUNGAN 


Gunungan utawa kayon sajrone gelaran wayang kulit ora mung digunakake dhalang minangka piranti kanggo njangkepi crita supaya bisa lumaku kanthi samesthine. Nanging, luwih saka iku nduweni maksud lan kekarepan: tanpa gunungan, wayang kulit ora bisa diparagakake. Ora bakal ana kauripan, ora bakal ana crita wayang.
Kepriye lire? Kita asring mangerteni, nalika ki dhalang durung munggah sasana pentas, nalika para pengrawit wus miwiti gendhing-gendhing manguyu-uyu, gunungan wis ditancepake ana tengah kelir. Wektu iku, dunya durung ana crita.
Dunya saisine nalika durung ana manungsa temtu isih wujud alam liar. Ora beda kaya digambarake sajrone gunungan, ana wit gedhe, kewan awujud ula, macan, bantheng, manuk, kethek. Saliyane iku uga ana buta sing cacahe loro lagi njaga gapura.
Sawise gendhing patalon rampung diungelake lan ki dhalang wus mapan, kayon dijabud saka gedebog. Nembe sawise iki, urip lan crita lagi diwiwiti dening ki dhalang sing ora liya diibaratake minangka “titahe Gusti”. Sawise dijabud, gunungan banjur ditancepake ana kiwa lan tengene ki dhalang. Nalika iku, urip lagi ana, crita lagi diwiwiti.
Ora mung kanggo dipajang, kayon uga bakal digunakake maneh kanggo misahake pathet sajrone crita wayang: ana pathet nem, sanga, lan manyura. Saliyane iku, kayon digunakake kanggo kabutuhan adegan khusus, kaya nggambarake segara, alas, utawa mbedakake adegan siji lan liyane.