GUNUNGAN
Gunungan utawa kayon
sajrone gelaran wayang kulit ora mung digunakake dhalang minangka piranti
kanggo njangkepi crita supaya bisa lumaku kanthi samesthine. Nanging, luwih
saka iku nduweni maksud lan kekarepan: tanpa gunungan, wayang kulit ora bisa
diparagakake. Ora bakal ana kauripan, ora bakal ana crita wayang.
Kepriye lire? Kita asring mangerteni, nalika
ki dhalang durung munggah sasana pentas, nalika para pengrawit wus miwiti
gendhing-gendhing manguyu-uyu, gunungan wis ditancepake ana tengah kelir. Wektu
iku, dunya durung ana crita.
Dunya saisine nalika
durung ana manungsa temtu isih wujud alam liar. Ora beda kaya digambarake
sajrone gunungan, ana wit gedhe, kewan awujud ula, macan, bantheng, manuk,
kethek. Saliyane iku uga ana buta sing cacahe loro lagi njaga gapura.
Sawise gendhing patalon rampung diungelake
lan ki dhalang wus mapan, kayon dijabud saka gedebog. Nembe sawise iki, urip
lan crita lagi diwiwiti dening ki dhalang sing ora liya diibaratake minangka
“titahe Gusti”. Sawise dijabud, gunungan banjur ditancepake ana kiwa lan
tengene ki dhalang. Nalika iku, urip lagi ana, crita lagi diwiwiti.
Ora mung kanggo dipajang,
kayon uga bakal digunakake maneh kanggo misahake pathet sajrone crita wayang:
ana pathet nem, sanga, lan manyura. Saliyane iku, kayon digunakake kanggo
kabutuhan adegan khusus, kaya nggambarake segara, alas, utawa mbedakake adegan
siji lan liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar