Cerkak
Anak Mantu
Nganti saprene Riana ora nante nyampuri
urusan rumah tanggane anak, senajan omah-omah nganti tekan saprene.Gono lan
Sara manggon dadi siji karo dheweke, Riana percaya, anak lan mantune wis cukup
dewasa ngentasi sawernaning perkara sing diprangguli ing sajroning balewisma.
Upama ana sing ditandangi kanggo anak lan
mantune, ya mung nyawisake dhedhaharan. Riana dhewe jane ya wis repot. Wiwit
esuk tumekane sore nunggu dagangan ing pasar. Kadhangkala isih ngurus sawah lan
tegalan tinggalane bojone swargi. Nnaging dheweke ora tega nyawang Sara
keponthal-ponthal ing pawon. Mantune kuwi kudu wis budhal megawe sakdurunge jam
pitu esuk, lan mulihe pendhak jam papat sore. Mesthine Sara sayah ngladeni para
nasabah sawijining bank, panggonane megawe.
Mula saka iku, saben dina dheweke tangi
sakdurunge subuh. Nandangi sekabehing panggawean omah, kelebu olah-olah.Sara
babar pisan ora nate melu cawe-cawe, kejaba mung ngrumat tetanduran. Nanging
Riana bisa mangerteni kahanane anak
mantune. Dheweke percaya, liya dina Sara bakal ngowahi sikap uga tumindake, lan
gelem melu reresik omah.
Atine Riana ora nate serik nyawang sikap lan tumindake anak mantune. Babar pisan ora ana serik, sakdurunge krungu
critane Rukmi, nalika blanja.
“Apa Sara mesthi nggawa bontottan yen dhong budhal nyambut gawe, yu ?”
pitakone Rukmi mancing omongan.
“Adate ya kaya ngono.Nggawa jangan sega olah-olahanku.Kandhane nggo mangan
awan, tinimbang tuku neng warung, larang,”Riana ngladeni omongane Rukmi, merga
bangone ngepasi sepi.
“Pantes, yen ngono.”
“Ana apa to ?”
“Sega jangan kuwi ora didhahar dhewe, ning mesthi diparingake pesuruh
kantor.Anaku sing crita.Dheweke ngerti sekabehing tumindake Sara, merga dheweke
kanca sak kantor karo anank mantunem.”
“Mbok menawa nalika kuwi ngepasi ora luwe, utawa pengin incip-incip lawuhan
warung.”
“Yen kuwi alesane, mesthine ora saben dina bontotane diparingake. Miturut
critane anakku, Sara kuwi jan-jane ora kolu karo masakanem.Kandhane, kowe kuwi
wonge kemproh, kurang resikan, arang ngorahi bekakas pawon, lan
sapanunggalane,” aturee Rukmi sajak ngyakinake. Ndadekake bathuke Riana
jengkerut, kanthi praupan mbrabak kegawa panase ati.
“Dheweke gelem nggawa olah-olahanem mung kanggo nyenenangake atinem. Njaga
aja nganti kowe nesu. Nuwun sewu lho, aku ora nduwe karep ngelek-elek kowe. Aku
mung mbaleni rembugane mantunem kang dikandhakake lumantar anakku.”
“ora..ora apa-apa. Aku nedha nrima dene kowe gelem blaka marang aku. Banjur
apa meneh sing dikandhakno Sara ngenani aku ?” pitakone Riana sinambi mendem
mawa sing wiwit ngobong atine.
“Akeh banget. Kaya meja lan kursi sing tansah ketutup awu, jogan sing arang
disapu, jedhing kang kebak uget-uget, lan....wis ta, kabeh eleke omah
diudhal-udhal karo mantunem.”Rukmi saya mempeng anggone ngobong-obong.
Sejatine Riana ora gampang diobong. Nanging krana critane Rukmi kanthi
bukti kang tinemu nalar, atine Riana dadi kegawa. Apa meneh anake Rukmi pancen
kanca sak kantor karo Sara. Mesthine weruh sekabehing tingkah polahe Sara.
Dina iku mung setengah dina Riana nunggu dagangane.Pikirane ora jenek,
pengin enggal-enggal bali. Kepengin enggal mbuktekake bener orane crita kang
mentas wae dirungokake.
Tekan omah, Riana njupuk kunci serep kamare anak lan mantune, banjur
dibukak.Tenan.Ora kleru. Senadyan mung saklerapan anggone nyawang, Riana wis
nduweni panduga, apa kang dikandhakake Rukmi kabeh mau bener. Ing njero kamar
sing papane pancen jembar, saliyane dhipan lan lemari pakaian, uga ana kompor,
lan meja makan. Meja kang ditumpangi panci jangan, wakul, lawuhan, uga banyu ing
njero botol.
Nyawang kompor, meja makan, lan isine, sapa wae mesthi bakal ngira yen
sasuwene iki Sara olah-olah dhewe.Bener apa kang dikandhakake Rukmi,Sara pancen
ora kolu karo masakane maratuwane. Jijik nyawang omah lan isine. Malah bisa uga
Sara jijik marang dheweke.
“Dhasar mantu ora nduwe tata. Ing ngarepe wong liya ora ngalembana
maratuwa, nanging malah ngelek-elek! Apa dikira aku senenng nduwe mantu anake
wong sugih kaya kowe ?Ora, ndhuk. Aku ora kedhonyan. Sasuwene iki, aku malah
dadi gedhibal ana omahku dhewe. Banjur kowe babar pisan ora ana balesane. Saiki
uga minggata saka kene!” Riana sing wis ora bisa ngempet gembolaning ati,
nuding-nuding mantune. Mesthi wae Sara sing menthas mlebu omah bingung, merga
ora ngerti larah-larahe.
“Sabar, bu. Pun bengak-bengok kados mekaten. Isin yen ngantos tanggi-tanggi
mireng. Becikipun panjenengan ngendika, perkawisipun menapa ingkang ndadosaken
ibu muntab kados mekaten,” Gono ngedhem-edhem atine ibune.
“Kowe ya ngono, dadi wong lanang trimo dienggo keset! Saiki kowe kudu
milih, tetep manggon kene bareng aku , apa lunga ngeboti bojomu!”
Sejatine Gono isih pengin mangerteni, perkara apa sing ndadekake ibune
muring-muring kaya mengkono. Nnaging Sara sing keweden ndeleng ngamuke
maratuwane, enggal nyeret Gono ninggalake papan kono.
Riana nangis ngguguk, karo njangkah mlebu kamar. Batine kaya dibeset
ndeleng Gono luwih ngaboti bojo, tinimbang dheweke. Riana rumangsa
disepelekake.Rumangsa ora diregani.
Rada suwe anggone Riana ngglethak, ngedhem-edhem atine. Nalika kesirep,
banyu mripat isih nelesi pipine kekaro. Sanggan sing nggegayuti ati lan
pikiran, ndadekake dheweke lali marang kahanan ing sakiwa tengene. Srengenge
wis sumare nalika Riana tangi. Jroning kamar peteng ndhedhet sakdurunge lampu
disumet. Bubar kuwi Riana tumuju menyang kamar tamu, leyeh-leyeh ing kursi
dawa, sinambi nggetuni kedadeyan kang mentas gawe rusak katentremaning omah.
“Upama mas Parjo isih urip, ora bakal ana lelakon sing kaya ngene. Mas
Parjo mesthi bakal bisa ngelikake Gono lan Sara. Bakal bisa ngedhem-edhem
atiku. Bisa paring sesuluh nggo madhangi kahanan kang kaya mangkene.” Guneme
Riana jroning ati.
Yen kelingan bojone sing wis kondur ing ngarsane Gusti, Riana mesthi
diingetake marang sawernaning lelakon endah kang dirasakake bebarengan karo
swargi Mas Parjo. Lelakon kang ora bakal ilang nganti tumekaning pati.
Riana isih kelingan nalika Gono durung genep telung sasi ing njero
kandhutan. Bengi tengah wengi dheweke sambat pengin mangan woh dhondhong. Parjo ora kakehan omong.
Sakwise salin klambi, klepat budhal ninggalake omah.
Let telung jam Parjo bali meneh. Nanging ora dhewe kaya nalika budhal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar