Senin, 14 Desember 2015

Pambuka Sesorah Jawa



Uwong jowo kuwi mesthi ora luput saka sing jengene  paweweh atur pangendika marang uwong liya. utawa marang uwong akeh. kadang, babagan ngomong wae saben uwong durung mesthi bisa ngomong. Padahal yen karo kanca sandhinge utawa kanca cedhake kabeh uwong ya bisa ngomong lancar. Jebule arep ngomong wae butuh sing jenenge latihan sing ora mung pisan pindho.. hehehe.. saiki aku bakal bagi ilmu raketan mung sithik-sithik ilmune tak bagi .. iki conto cuplikan pambuka nalikane sesorah.


Pambuka sesorah jawa

“Assalamu’alaikum wr.wb.”
Alhamdulillahi robbil’alamin, wabihi nasta’in wa’ala umuriddun ya waddin. Wassholatu wassalam ala asyrofil anbiya’i wal mursalin wa’ala alihi washohbihi ajma’in. Amma bakdu.

Wonten ngarsanipun Bapa Dwijo, miwah para kadhang gladen ingkang kula tresnani. 
Sepisan, sumangga kita sami sesarengan ngaturaken raos sukur kita dhumateng ngarsanipun Allah ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pinten-pinten nikmat.

Sholawat saha salam kita aturaken kunjuk dhumateng ngarsanipun Nabi kita Nabi Muhammad SAW ingkang dados Patuladan ingkang sae sanget dhumateng kula saha panjenengan sedaya miwah kita antu-antu syafaatipun mbenjang wonten yaumul kiyamah. Amin Allahumma Amiin.

Para kadhang gladen Kridamadhu ingkang minulya...
Wonten ing dalu punika, wosing gati kula nderek gladhen kridamadhu punika supados anggadhahi kapitayan dhiri, saged wicanten basa jawi ingkang sae wonten ngajengipun tiyang kathah, saged mbetakaken acara arupi pambagyaharjo, saged wicanten basa jawi kanthi sastra kang endah lan trep. 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar