Senin, 14 Desember 2015

Sega gandhul khas Pati



Aduuuuhh...

tau krungu raaa ??? karo siji panganan iki ?? iyaa.. panganan sing aran sega gandhul. Ya wiiis, nk durung ngerti apa kuwi sega gandhul..iki tak jelasna babagan sega gandhul. Sega gandul kuwi panganan sega sing khas saka Pati, sega gandul kuwi campuran saka masakan sing di masak nganggo bumbu sing akeh. yaiku empal daging sapi lan duduh santen sing banget kuentele. Jinten karo tumbar agawe rasane gule utawa kari. Laos lan bawang puteh wakili olahan soto sing populer ning jowo. Digawe nganggo rempah-rempah sing akeh lan di tata ana ing tatakan godhong gedhang sing agawe sega gandhul dadi ora bisa di lalekna. Sega gandhul sing terkenal yaiku sega gandhul desa Gajah Mati.


Asal-usul sega Gandhul







Sega gandhul awit mbiyen mula uwes terkenal ana ning Pati . Mbok menawa arep golek sega gandhul, mangga njelahjaha desa Gajah Mati. Lokasine kuwi cedhak ning sebelah kidule Terminal Kembang Joyo Pati. Sing nganti saiki dipercaya dadi sega gandhul paling uenak. Pancen, Pak Melet dhewe dudu bakul sing pisanan dodolan sega gandhul.. Kawite tahun 1950-1960an bakul sega gandhul kuwi mikuli pikulan sing isine kuali duduh gandhul, terus kuali sisihe kuwi isi sega. lha saya suwe para bakul luweh senenng milih tetep nganggo cara bukak warung utawa gawe panggonan ning ngarep omahe dhewe-dhewe kanggo dhodholan sega gandhul.

Akeh sing pada penasaran karo sing jenenge sega gandhul khas Pati. Embuh rasane utawa penasaran karo bentuke kaya apa karo sega gandhul. Padahal sega gandhul nek di artikna dhewe-dhewe kuwi artine sega sing gandhul-gandhul. aneh raaa ??? hehe

Tapi akeh uwong saka njobo pati sing pada kepencut karo panganan sing jenenge sega gandhul. Pancen mareeeeemmm.. Hehehe.. 
Nanging saiki uwes jarang, malah uwes arep ora ana uwong dodolan sega gandhul sing diiderna. saiki uwes rata bakul-bakul pada dodolan sega gandhul ana ning warung-warung. 
Tapi sing gawe unik, sega gandhul kuwi kaya rawon. Duduhe kuwi rupane coklat abang. Sega gandhul sing asli kuwi di dol ana ning Pati ditata ana ing dhuwur piring diwenehi tatakan godhong gedhang. Godhong gedhange uga dudu gedhang biasa. Godhonge kudune godhong gedhang kluthuk. supaya rasan ekuwi dadi uenak banget.



Hayoo ..pada kepengin too karo sing jenenge sega gandhul khas pati ???? hehehe
Ayooo...kapan meneh arep njajal sega gandhul ??/
  






Tidak ada komentar:

Posting Komentar