Senin, 21 Desember 2015

Ketibanan Cecak

Sawijining sore ning dhuwur lincak ngarep omah, simbok lan Pras anake lanang lagi gayeng rembugan
“lho le..simbok ngematke awit mau koq raiumu katon suntrut, dheleg-dheleg. opo mau bar didukani Bu Guru ning sekolah? …hayooo”
“eh..simbok, mboten yo..mosok sih?”
“halah ra sah sulaya aku ki wis apal ogh karo lageyanmu” simbok ngendikan sambi nggujeng
“hehe…mboten wonten punapa-punapa koq, tapi Pras lagi kepikiran dadine ora jenak ning ati”
“lha kenapa to le sakjane?”
“niku lho mbok, jare wong jaman mbiyen nek ono sing ketiban cecak bakal nemahi bilahi, lha ndilalahe dhek isuk pras pas arep njupuk klambi ki ketiban cecak mbok” pungkasane Pras crita karo simbok
“weleh weleh…kuwi to le sing marai kowe sajak ora tentrem ngono, lha awakmu percaya ora?”
“nggih percaya nggih mboten mbok” jawabe Pras
***
“kene le tak kandhani yo, sing jenenge cilaka orane wong siji lan sijine ki ora gumantung marang cecak, kuwi ming gugon tuhon
gugon tuhon ki napa to mbok?” pitakone Pras
“apa yo le?..hmm kuwi nek basa keren e semacam keyakinan irasional, takhayul ngono kuwi lho” jawab simbok rada ilmiah
“woo…dadi mboten bener nggih, nek menawa ono wong ketiban cecak njur bakal sial?”
“yo jelas big no no to le ora bener iku, wong dhewe ki lak nduwe Gusti, kabeh pitulungan ki saka kana, dadi ora amarga hal sepele wong dadi cilaka, iki lak meh padha karo yen ana wong nabrak kucing njuk ora dirumat terus iso dadi sial, padahal ora mengkono sebenere”
“lha pripun sakjane mbok?”
“yo kabeh kedadeayan ning ndonya ki asline sebab akibat le, masiya ngono sing jenenge takdir yo tetep ora iso diendhani, nanging jejer kita iki menungsa ya dadia wong kang becik lan ngati-ati ojo sembrana lan ora nuruti aturan supaya urip e ki tentrem, eling a sapa sing nandur bakal ngundhuh”
“hmm..mekaten nggih mbok intine…Pras mudeng sakniki”
“lha yo ngono kuwi le…nah amarga kowe wis mudheng, dadi saiki wayahe awakmu mijeti simbok, sikilku pegel kabeh sedina iki dodolan mubeng ndesa”
“oke deh mbok…siappppp”

Bulus Lan Manuk Blekok

Wonten ing jaman rumiyin, ing telaga wonten salah sijining kewan kang urip yaiku penyu. Manuk blekok uga urip wonten ing sakiwa tengening telaga. Kewan menika dados konco ingkang celak sanget. Wonten ing sawijining dina wonten mapinten pinten tukang golek iwak inglang badhe pados penyu saha ulam. Wonten ing wekdal ngkang sami para penyu menika mangertos ingkang dipunngendikakaken saking para tukang golek ulam menika. Lajeng penyu menika kandha kaliyan manuk blekok,”apa kowe krungu kang diomongake dening para tukang golek iwak mau lan apa kang kudu dilakoni saiki? ”
“aku sakbisa bisane tak ewangi awak mu”.”aku wis kulina ngrasakke wektu wektu kang medeni”. Kandha si penyu.
Dadi isa apa ora kowe ngewangi aku lunga seko telaga iki?”
“Ananging cara iki ora aman kanggo awakmu yeng kowe namung mbrangkang saka telaga iki menyang telaga liyane?”. Kandha si manuk blekok.
“ya, kowe isa ngangkat aku ora lan nunut awakmu mabur kanggo pindhah ing telaga liyane” kandha si penyu karo raine seneng banget.
“Piye carane?“ pitakone manuk blekok.
“Kowe golek pang uwit kang wis gagrak saka wit lan ceker mu nyekel pang kuwi, mengko aku nyokot pang kuwi mau. Salajenge yen kowe mabur aku iso melu karo kowe.” Kandha si penyu.
“Wah apik tenan kuwi”. Kandha manuk blekok. “ananging ya, medeni banget kuwi yen kowe ngomong rikala mabur, kowe isa tiba.”
“Apa kowe ngira aku bodho pa?” pitakon penyu.
Lajeng wektu blekok iku mabur sinambi ngangkat si penyu nganggo pang kayu. Dheweke ketok karo wong wong kang lagi angon sapi ing ngisor.
 Amarga kaget, para wong kang angon iku ngomong,” wah kok aneh banget kae. Delokken kae! Manuk kang lagi nggawa penyu ing telaga liyane.” 
“Wah, yen mangkono penyu kae iso tibo iso dinggo bakaran. ” kandha salah sijining angon sapi.
“Aku arep tak dadekake dai cilik cilik terus tak pangan,” kandha wong angon sapi liyane.
Krungu saka suarane para angon sapi kang panas ana ing kuping, penyu lali menawa penyu lagi nyokot pang kayu kang lagi digawa mabur karo manuk blekok langsung mbengok nesu. “kowe arep mangan aku!”
Dheweke pas mbukak tutuke,dheweke lali anggone nyokot pang kayu mau lan dheweke tibo kebanting ing lemah saha dijukuk para angon sapi lan langsung dibakar.
Manuk blekok ora kuwat nyawang penyu kang mati kedahipun penyu mirengaken wasita saking manuk blekok supados mboten buka tutukipun.
Mila wasita ingkang sae menika kedah dipun tindakaken.