Kamis, 10 Desember 2015

Jagung tanduran palawija

Kabeh pada ngerteni yen Indonesia iki nduweni sawah kang amba lan subur makmur.
Rat-rata petanine nandur tanduran sawah kuwi kaperang dadi rong mangsa. Yaiku mangsa ketiga lan mangsa udan. Yen mlebu mangsa udan biasane sing ditandur iya iku tanduran pari. Yen mlebu mangsa katiga biasane para tani kuwi nanem maneka tanduran kang di arani tanduran palawija, kaya ta : Kacang ijo, kacang panjang, kedele, kacang lanjaran, jagung, lan sapanunggalane.

Jagung kuwi kalebu palawija, urip neng sawah, senajan jarang ana udan nanging tanduran jagung tetep bisa urip. Tanduran jagung uga bisa urip ana ning pategalan. 
Jagung kuwi uripe bisa nganti sesaninan. Yen wuhe akeh, jagung bisa nyenengna ati, regane larang.
nduweni wadah sing bungkus jagung kang biasane diarani kuncung, hehehehe.. kaya bocah lanang sing di cukur kuncung wae yooo/.. ^_^

Nahhh.. utamane kuwi jagung, jagung kuwi bisa di gawe sembarang apa wae panganan. apa maneh, aku sing luwih-luwih seneng olahan panganan kang digawe saka olahan bahan jagung. Jagung iki bisa digawe grontol, sega brabuk, gorengan, cetot, awuk-awuk, jagung bakar, jagung godhog, lan liya-liyane. Kabeh kuwi rasane pada-pada enak, sekali ngrasakna mesti kepengin ngrasakna meneh..
hehehe.. ngomong masalah olahan lan maneka werna panganan mesti gawe weteng dadi ngelehhh.. hehehe


Tidak ada komentar:

Posting Komentar