Senin, 21 Desember 2015

Cerkak Fabel Jawa

MANEKA WARNA DONGENG KEWAN 
 
Macan Lan Manuk Gagak
Ing sawijining dina, ana macan mlaku turut pinggir kali.
Dheweke luwe banget ,kepingin mangan enak.
Karo ngendhus-endhus golek pangan, banjur weruh ana manuk gagak mencok ing pang.
Manuk gagak kuwi nggondhol daging. “Daging kae mesthi enak banget!
Gagak entuk saka endi daging kaya ngono enake.” mengkono ing jero batine macan.
Macan banjur nyedhaki uwit sing dienggo mencok manuk gagak iki mau karo nggrenyem,
”Yen daging kae ora dadi mangsaku, dudu macan aranku.”
Karo ngatur strategi, macan mlaku alon-alon nyedhaki uwit.
“Bagus banget manuk iki, wulune apik, irenge kinclong, gumunku ngudubillah.
Aku kok urung tau tumon manuk kaya ngono iku becike.
Sajake ora ana manuk ngungkuli apike, endah unine mesthi yo uapik.”
Krungu tembung kaya mangkono manuk gagak mongkog atine,
banjur pamer swarane kang dialem macan mau.
Bareng muni, daging sing digondhol mau tiba.
Banjur diplayoni macan, manuk gagak gela banget.
Merga iku, aja seneng dilem dening liyan. Mbok menawa sing ngelem nduweni kepenginan sing ora becik. Sipat gampang mongkog utawa gumedhe iku ya ora becik, mangka dadia bocah sing andhap asor.
Singa lan Tikus
Ing sawijining dina, ana Singa lagi turu ana ing alas.
La kok ana tikus wani pating pencolot ana ing sakiwa tengene singa.
Singa tangi krasa keganggu, banjur tikus iki mau dicekel ameh dipateni.
Nanging banjur kelingan, yen Singa sing dadi ratune alas mateni kewan sing luwih cilik kaya tikus,
mesthi bakal entuk piwales, lan mateni kewan sing luwih cilik iku klebu ora becik.
Mangka tikus banjur dieculake.
Elet pirang-pirang dina, Singa golek mangsan nanging kena jaring kewan.
Singa ora bisa metu sanajan kekuwatane ora ana sing nandhingi ing alas.
Suarane nggero-nggero ngebaki alas, marakake ora ana sing wani nyedhak.
Nanging Tikus krungu swarane Singa malah banjur mlayu arep nulungi Singa.
Tikus ngrikiti jaring sing ngurung Singa nganti rantas.
Ora let suwe Singa bisa metu.
Sipat sing becik sing bisa ditiru saka crita ing ndhuwur iki yaiku senenga tetulung marang liyan. Mesthi ana sing nulung genti menawa awake dhewe lagi kesusahan, merga ganjaran iku menawa ora teka dhisik yo mesthi ing mburi. Ora ana rugine tetulung marang liyan, wis mesthi awake dhewe sawektu-wektu ya butuh pitulung saka liyan. Mula, senenga tetulung marang liyan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar