Ana Bulus ngomong karo Kancil kaya
mangkene,
”Aku ora gumun yen kowe luwih cepet
mlayu tinimbang aku, Cil.
Nanging ayo padha nyoba balapan, sapa
sing luwih dhisik tekan pinggir rawa iki.”
Kancil sing rumangsa luwih pinter lan
cepet mlayune nuruti omonge Bulus.
Mangka Bulus enggal miwiti mlayu,
nanging Kancil malah enak-enak lungguh.
Ing batine Kancil kaya mangkene,
”Si Bulus sing mlakune nggremet ben
kempis-kempis kekeselen dhisik,
aku mesthi tanpa rekasa isoh nusul,
aku mencolot ping telu utawa ping pat
wae wis mesthi isoh nglancangi kewan sing nggremet kuwi.”
Ing nalika samono Bulus wis ameh
tekan pinggir,
Kancil isih sareh wae rumangsa urung
isoh ditandingi.
Bareng Bulus wis kari pirang
playonan,
Kancil lagi keweden melu mlayu
sakcepete.
Nanging merga kebacut, Kancil arepa
kaya angin anggone mlayu,
tetep kalah saka Bulus sing mlakune
nggremet iku mau.
Sapa bae sing gumedhe ora bakal
disenengi kanca, kaya Kancil iku mau. Kancil ora disenengi kancane merga
nduweni sipat gumedhe, ngrasa pinter dhewe, cepet dhewe playune. Nanging merga
sipat gumedhene iku mau, Kancil ora sida menang. Mangka, dadia bocah sing
pinter nanging andhap asor. Wis mesthi kanca-kanca padha seneng marang awake
dhewe, banjur awake dhewe bisa duwe kanca akeh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar