Kamis, 10 Desember 2015

Geguritan



NALIKA PAJAR

   
Angin kang sumilir ing ati
    Sayup lamat k
eprungu timbalan agung
    Nalika asreping pajar
    Kairing kluruking jago
    Mangkana
manungsa kang utama
   
agya tandang menyang masjid
    Kalawan sesuci tirta utami
    Inggih wudhu wajibipun

    Manembah sujud sahaja ing gusti
    Kalawan kh
usyuke ati
    Tumungkuling saking prahara dunya
    Tansah eling mring Hyang Sukma
    Sumandhe ing ngarsaning gusti
    Lawan puja puji astuti
    Anyadhong  lawan d
onga
    Kanthi pangajab pinaringan rohmat dalah
             ngati-ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar