Jumat, 18 Desember 2015

Tradisi Mitoni Kanggo Ibu kang Anggarbini

Mitoni iku asale saka tembung pitu (7). Mitoni dianakake wektu calon ibu bobot 7 sasi. Ancase kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sipate tolak bala. Ing daerah tartamtu, diarani tingkeban.
            Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis duwe raga sing sempurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, jabang bayi umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Urut-urutane acara yaiku 1)siraman, 2)nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, 3)salin rasukan, 4)nglebokake klapa gadhing enom, 5)medhot lilitan benang (janur), 6)mecahake wajan lan gayung, 7)nyolong endhog, lan pungkasane yaiku 8)kendhuren.

Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti bengi utawa dina Jemuah awan nganti bengi, sadurunge wulan 'purnamasidhi'.
Tumindak kang macem-macem simbol lan ritual kurban tingkeban / mitoni Wau, katon yen masyarakat Jawa wis pangarepan saka safety . Masyarakat Jawa nganggep mitoni Ritual khusus ngremenaken minangka. Mangkono iku bisa bilih makna lan fungsi saka kawilujengan budaya iku kanggo pass mudhun tradhisi mitoni leluhur , supaya ora kesiku ( njupuk kangelan ) lan kanggo njaga imbangan , harmoni, begja , lan safety ( slamet , ora ono panalangin by apo - panalangin by apo ) sing manggen aman kahanan tanpa gangguan saka jalma liyané utawa lingkungan. Kajaba iku, pitu saben wulan tradisi ( tingkeban / mitoni ) nuduhake Jawa karakter associative pikiran. Ateges , iku tradisi kanggo njaluk Allah kawilujengan. (Suwono ). Minangka tembung: "" bayi lair sageto welujeng Selamet ampunenten penopo alangan setunggal karung ". Anak disusun bakal lair kanthi Gangsar ( gampang ) , sehat, aman, fisik sampurna , ora sembarang gangguan . Bener nggambaraké karakter Jawa sing tansah timer proses liwat tazkiyatun nafsi ( penjernihan ) kanggo mbela karo moho kuwoso . Sing , wangun pengabdian kanggo Allah SWT. (Suwon 
Tata Carane
 
Ma­sa­ra­kat Ja­wa tan­sah ora uwal sa­ka ta­ta­ca­ra adat tra­dhi­si. Apa ma­neh kang ge­ga­yut­an ka­ro sang­kan pa­ra­ning ma­nung­sa. Wi­wit ma­nung­sa ana nje­ro kan­dhu­tan ngan­ti ma­nung­sa su­rut ing ka­se­ban ja­ti, tan­sah di­iring kan­thi adat tra­dhi­si kang di­ge­lar ing wa­yah tar­tam­tu.
De­ne ta­ta­ca­ra lan upa­ca­ra tra­dhi­si kang di­ge­lar na­li­ka sa­wi­ji­ning wa­ni­ta la­gi ngan­dhut du­we pa­nga­jab su­pa­ya ibu lan anak utawa wiji dadi kang di­kan­dhut tan­sah wi­lu­jeng nir sam­bi­ka­la. Pa­nga­jab li­ya­ne, ba­yi kang di­lai­ra­ke mbe­su­ke bi­sa an­tuk ka­beg­jan uri­pe.
Ma­ne­ka ta­ta­ca­ra di­la­ko­ni na­li­ka kan­dhu­tan wi­wit umur te­lung sa­si ana wi­lu­je­ngan ut­awa se­la­me­tan ni­gang wu­la­ni, pe­tang sa­si, li­mang sa­si, enem sa­si, pi­tung sa­si kang di­se­but mi­to­ni, sar­ta sang­ang sa­si kang di­se­but pro­cot­an.
Mi­tu­rut Pra­se­tyo Adi Wis­nu Wi­bo­wo, dho­sen Sas­tra Dae­rah FSSR UNS So­lo, kang­go nja­ga su­pa­ya ja­bang ba­yi bi­sa sla­met na­li­ka ing kan­dhu­tan ngan­ti wan­ci­ne lair, wong Ja­wa nglek­sa­na­ka­ke ma­ne­ka war­na wi­lu­je­ngan. Ma­ne­ka upa­ca­ra tra­dhi­si lum­rah di­la­ko­ni jro­ning cak­ra mang­gi­ling­an uripe ma­nung­sa Ja­wa na­li­ka wa­ni­ta la­gi ngan­dhut wi­wit umur kan­dhu­tan se­sa­si ngan­ti sang­ang sa­si.
“De­ne na­li­ka umur kan­dhu­tan wus ngan­cik pi­tung sa­si, di­ada­ni upa­ca­ra sla­me­tan kang di­se­but mi­to­ni ut­awa ting­ke­ban. Mi­to­ni iki di­la­ko­ni de­ning wong Ja­wa mli­gi­ne na­li­ka wa­ni­ta la­gi ngan­dhut kang ka­pis­an ut­awa mbo­bot tem­be­an,” ujare Pra­se­tyo, ing an­dhar­ane jro­ning sa­wi­ji­ning pi­rem­bu­gan ing FSSR, sa­we­ta­ra wek­tu ka­pung­kur.
Upa­ca­ra mi­to­ni ut­awa wi­lu­je­ngan pi­tung wu­lan­an iki lum­ra­he ngang­go uba­ram­pe kang di­se­dhi­ya­ni de­ning ku­la­war­ga wa­ni­ta kang nem­be ngan­dhut. Uba­ram­pe sla­me­tan nglim­pu­ti se­kul ja­ngan­an, je­nang ab­rit, je­nang ba­ro-ba­ro, ja­jan pa­sar lan sri­yat­an kang gi­na­we sa­ka wi­jen, dhe­le, ka­cang kang ka­gang­sa ing gen­dhis. Sa­li­ya­ne iku uga ceng­ka­ruk tim­bal, pe­nyon, pring sa­dha­pur lan tum­peng rob­yong kang aru­pa tum­peng di­cem­plung­ake ing ce­thing, di­we­ne­hi iwak ke­bo lan en­dhog god­hog, ge­reh, kru­puk. Uba­ram­pe li­ya­ne awu­jud ja­ngan­an men­tah ka­ya­ta lom­bok, te­rong, ja­ngan­an lan sa­we­ta­ra ji­nis kem­bang-kem­bang­an. Tum­peng ja­ngan­an di­ga­we ca­cah pi­tu di­jang­ke­pi pi­tung iji apem con­thong.
Jro­ning upa­ca­ra mi­to­ni iku uga ana ta­ta­ca­ra gan­tos pe­ngang­gen ngan­tos ka­ping pi­tu kang sa­ban­ju­re di­se­but ting­ke­ban. Nut Se­rat Ta­ta­ca­ra ang­git­ane Ki Pad­ma­su­sas­tra, upa­ca­ra ting­ke­ban iki di­lek­sa­na­ka­ke na­li­ka tang­gal gan­jil tan­pa ngli­wa­ti pur­na­ma (sa­du­ru­nge tang­gal 15, upam­ane tang­gal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15). “Upa­ca­ra mi­to­ni ut­awa ting­ke­ban di­ada­ni ja­lar­an nu­rut ka­pre­ca­ya­ne wong Ja­wa, ba­yi ing kan­dhu­tan na­li­ka umur pi­tung wu­lan wis di­pa­ringi nya­wa de­ning Pa­nge­ran. De­ne ri­tu­al ba­ku jro­ning upa­ca­ra mi­to­ni ya­ku­wi si­ram­an lan gan­ti bu­sa­na ngan­ti ka­ping pi­tu,” ujare Pra­se­tyo.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar