Kamis, 10 Desember 2015

Geguritan



PEPUJANING ATI

Menawa matine rasa ati iki
mesti jiwa iki tansah rinengga
saumpama ati iki kapenjara asmara
apa bisa jiwa iki ngapusi
menawa saperangan ati nganti-anti
mesti liyane ngenteni
saumpamane separo ati tansah njaga
Apa bisa awakmu nglaleake
menawa ati tiba kalawan sangsara
mesti luwih lara raga iki
mesti luwih lara jiwa iki

Pepujaning atiku
apa sing bisa dak tindakake
aku mung wanita sing katrajang asmara
wanita sing ngarep-arep katresnan saka sliramu

Apa sing dikarepna saliyane sliramu
pengin cepet ketemu kalawan sing dhusta ati
Sing pad
ha-padhane laksana kidung swarga
sing ngalun-alun ing pikirku
Sing nggawe kentir kapal jiwaku ing tengahing sam
odra rasa sing tanpa wates

Tidak ada komentar:

Posting Komentar