Kamis, 10 Desember 2015

Gurit Ngenteni






Rasane kaya ngenteni udan ning mangsa katiga
Sanajan mung sadela
Nora dadi ngopo
Sing penting bisa agawe tentreming atiku
Samono uga rasaning atiku iki

Mung tansah ngenteni udan ning mangsa katiga
Uwis ra krasa aku ngenteni setahun
Aku iseh kelingan nalika kowe pamit
Kowe janji nora bakal ninggal aku
Nanging saikine kowe uwis lali janji
Kowe ora enggal bali marang aku
Aku tansah ngenteni tekamu Kangen atiku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar